Ibadah Iedul Qurban, Dilaksanakan Meriah Warga SMAN 1 Lendah

Sehari setelah pelaksanaan Shalat Ied, yakni pada hari Kamis, 23 Agustus 2018, Warga SMAN 1 Lendah melaksanakan Penyembelihan Hewan Qurban.

Pada hari itu, pembelajaran dilaksanakan pada jam pertama hingga kedua, kemudian disusul pelaksanaan Penyembelihan Hewan Qurban berupa seekor sapi yang cukup besar dan gemuk.

Kegiatan dilanjutkan dengan berbagai aneka lomba, ada lomba memasak antarkelas, pembagian daging Qurban ke masayarakat sekitar, dan juga ada lomba Khutbah.

Semua berjalan cukup meriah dan berlangsung hingga sore hari, pukul 15.30.

Berikut video prosesi ibadah kegiatan Penyembelihan Hewan Qurban, yang berlangsung di halaman sekolah sebelah barat. Kemudian di bawahnya juga disertakan teks Prosesi Doa dan Penyembelihan Qurban.

Prosesi Doa dan Penyembelihan Qurban dalam bahasa Jawa

 

اللهُ اكبَر كَبيْرًا والحَمدُ للهِ كثِيرًا  وَسُبحَانَ اللهِ بُكرَةً واَصِيلا لااله اِلااللهُ

ولانعْبدُ الاإيّاه مُخلِصِينَ لَه الدّيْن

Kumandanging Ke-Agungan Asma Dalem Gusti Allah hangebaki jagat royo, sih puji-pinuji mboten natos kendat tansah konjuk atur dhumateng ngarsaninpun Dalem Gusti Allah, Wiwit awal dumugining akhir. Yektos leres saestu billih mboten wonten Dzat Sinembah, kejawi namung manembah dhumateng Gusti Allah Piyambak. Kanthi Ikhlas Setyatuhu Asok Laku Pinuji Jiwa Raga Suci.

بِسْمِ اللهِ وَعَلَى مِلَّةِ رَسُوْلِ اللهِ

Kanthi nyebat Asma Dalem Gusti Allah, kita sedaya nindakakaken  pangibadahan, ngugemi teladan suci para priyantun utusaning Dalem Gusti Allah.

Gusti Allah wus Ngendika:

إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ 

Sayekti Ingsun Gusti Allah uwis paring kabecikan kliwat akeh marang sira kabeh. (QS Al-Kautsar: 1)

فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ 

Mulane pada-ha SHOLAT marang Pengeranira sarta nyembeliha hewan Qurban. (QS Al-Kautsar: 2)

إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ 

Saktemene wongkang kang ora duwe pangarep-arep iku bakal pedhot kabecikan URIPE. (QS Al-Kautsar: 3)

 

Gusti Allah injih sampun Ngendika:

لَن يَنَالَ اللَّهَ لُحُومُهَا وَلَا دِمَاؤُهَا وَلَكِن يَنَالُهُ التَّقْوَى مِنكُمْ 

 

Daginging khewan kang ginawe qurban lan getihe, iku ora konjuk ing Dalem Gusti Allah. Dene kang konjuk ing Dalem Gusti Allah iku panggawe becik kelawan gilig-gemolonging atimu lan bektimu marang Dalem Gusti Allah (A-Hajj 37).

 

رَّبَّنَا إِنَّنَا سَمِعْنَا مُنَادِياً يُنَادِي لِلإِيمَانِ أَنْ آمِنُواْ بِرَبِّكُمْ فَآمَنَّا 

Ya Allah kula sedaya ingkang  rawuh dhateng mriki, sampun sami mireng kaliyan pangajak-ajak mekaten  “Padha percaya-a marang Pangeranmu!”, kawula sedaya inggih sami pitados  (Ali Imran 193).

 

  رَبَّنَا تَقَبَّلْ مِنَّا إِنَّكَ أَنتَ السَّمِيعُ الْعَلِيمُ 

Duh Gusti Allah. Nyuwun dipun tampi doa lan pangurbanan kawula sedaya. Yektos saestu Panjenengan punika Dzat Ingkang Maha Midangetaken lan Maha Wicaksana (Al-Baqarah: 127).

 

ربَّنَا أَفْرِغْ عَلَيْنَا صَبْراً وَثَبِّتْ أَقْدَامَنَا وَانصُرْنَا عَلَى الْقَوْمِ الْكَافِرِينَ 

Ya Allah, mugi Panjenengan kiyataken kesabaran ing manah kawula sedaya, ugi nyuwun dipun  jejegaken kapitadosan kawula sedaya. Mugi Panjenengan mitulungi dhumateng anggen kawula sedaya ngawonaken mengsah (QS Al-Baqarah 250)

رَبَّنَا لاَ تُزِغْ قُلُوبَنَا بَعْدَ إِذْ هَدَيْتَنَا وَهَبْ لَنَا مِن لَّدُنكَ رَحْمَةً إِنَّكَ أَنتَ الْوَهَّابُ 

Ya Allah, ampun ngantos manah kawula sedaya saget nyimpang,  sak sampunipun Panjenengan paringi pitedah. Punapa dene, duh Dalem Gusti,  inggih mugi Panjenengan paringi sih kawelasan saking asto Panjenengan.  (QS. Ali Imran: 8).

 

رَبَّنَا إِنَّنَا آمَنَّا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ 

Ya Allah, kawula sedaya pitados dhumateng Panjenengan, pramila Panjenengan kersaha paring pangapunten dhumateng kawula sedaya, sarta nebihna saking siksa neraka. (Ali Imran 16).

 

رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ

Ya Allah, mugi Panjenenengan paring kesaenan dhateng kawula sedaya wonten ing ngalam donya, lan paring kesaenan wonten ing ngalam akherat. INJIH ugi nyuwun Panjenengan tebihaken kawula sedaya saking kejemipun akibat laku nistho. (QS. Al-Baqarah 201)

***